Senin, 01 September 2008

BASA USING

Basa Osing utawa Using kuwi dipituturake ing tlatah Banyuwangi utawa kang biasa kasebut Blambangan. Osing asale saka tembung sing kang artine ora. Tembung iki saka basa Bali: tusing. Asline basa Osing iki salah sijine varian basa Jawa kuna kang tansah dituturke ning Banyuwangi. Akeh uga tetembungan karo pengaruhe Basa Bali, Basa Medhura lan ana kadang Basa Inggris.

Masyarakate ya ndhuwe seni budhaya kang bedha karo pendhudhuk Jawa liyane. Akeh para cendikiawan kang ngutarake yen Basa Osing iku sejatine cabangan langsung saka Basa Kawi ora ngliwati dhadi basa Jawa dhisik. Dhadi kasuse padha karo Basa Minang lan Basa Melayu sing sebagian ngomong saka Basa Melayu lan sebagian liyane ngomong yen Minang kuwi basa dhewe.

Basa utawa dhialek Osing iki dituturke ning kira-kira separuh wilayah Banyuwangi. Wong utawa Lare Using biasane manggon ning :

  • Sebagian Genteng
  • Cluring
  • Srono
  • Kalipuro
  • Glagah
  • Giri
  • Sebagian kutha Banyuwangi
  • Sebagian Muncar
  • Rogojampi
  • Sebagian Gambiran

Yen kecamatan liyane lumrahe nganggo Basa Jawa biasa utawa Medhura. Cara Using uga ditemokake ning wilayah Jember lan Lumajang sanajan cacahe sethithik banget.

Pangucapan

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki radha bedha karo dhialek Jawa liyane. Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami :

  • (u) kawacan (au)
  • (i) kawacan (ai)
  • (o) kawacan (ao)
  • (e) kawacan (ae)
  • (oo) kawacan (aoo)

Ukara :

  • biru dhadi (birAu)
  • gedhigi dhadi (gedhigAi)
  • soto dhadi (sotAoo)
  • sore dhadi (sorAe)
  • milo dhadi (milAo)

Menawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya Upami :

  • (bA) dhadi (byA)
  • (gA) dhadi (gyA)
  • (dA) dhadi (dyA)
  • (mA) dhadi (myA)
  • (nA) dhadi (nyA)
  • (wA) dhadi (yA)

Kalimat :

  • Banyuwangi dhadi (ByAnyuwangAi)
  • Kembang gadhung dhadi (kembyAng gyAdong)
  • Dhayuh dhadi (DyAyoh)
  • Omah dhadi (UmyAh)
  • Uwak dhadi (uyyA’)
  • Nonah dhadi (nonyAh)
  • Embah dhadi (embyAh)

Saliyane iku, akeh ukara-ukara sing ora ditemokake ning dhialek Jawa ngendhi wae. Ukara-ukara iku akeh sing asale saka Basa Kawi, utawa Bali. Upami :

  • sing : ora
  • bojog : kethek
  • sira : ing Banyuwangi sira iku padha artine karo kowe (ngoko)
  • isun : aku, ing Jawa liyane isun utawa ingsun kalebu kromo
  • ring, nong : ing, ning
  • nono : ora ana
  • sawi : pohung
  • sawen: sawi
  • Klendhi kabare? (kawaca : Klendhi kabyare?) : Piye kabare?

yen diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi : kabyAre klendAi?

  • Ono paran? : Ana apa?
  • Gedhigi (kawaca : gedigAi) : mengkene, ngene
  • Gedhigu (kawaca : gedigAu) : mengkono, ngono

Ana maneh, ukara-ukara sing asale saka bahasa Inggris. Jaman Walanda biyen, akeh tuan tanah saka Inggris sing manggon ning perkebunan-perkebunan utamane ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris mlebu ning cara Using. Upami :

  • sulung (saka ukara so long) : dhisik
  • nagud (saka ukara no good) : ora becik

Kahanan Basa Using saiki lan variasine

Basa Using saiki ditetepke kalebu mata ajaran ning sekolah dasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa’ Banyuwangi. Sejatine wis dicoba mulai taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah sing kalebu tlatah cara Using. Basa utawa cara Using dhewe saben kecamatan ana bedhane. Using sing digawe ning kecamatan-kecamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kecamatan-kecamatan ning kidul.

1 komentar:

  1. osing kertarajasa20 Mei 2010 pukul 01.24

    kalimat ring ngisor iki koyone kuryang pas kang...
    kjalimat soto tetep "soto duduk sotao lan kalimat "sore tetep sore duduk sorae

    kiro2 digaw kang..........

    BalasHapus

He lare kadung riko duwe komentar nang isun ojo sungkan-sungkan tulisen paran anane baen ya !